Rejeki iku ora iso ditiru...,
Senajan podo lakumu,
Senajan podo dodol anmu,
Senajan podo nyambut gawemu.
Kasil sing ditompo bakal bedo2.,
Iso bedo nèng akèhé bondho,
Iso ugo ono nèng roso lan ayemé ati,
Yo iku sing jenengé urip mulyo.
Kabèh iku soko tresnané Gusti kang moho kuwoso.,
Sopo temen bakal tinemu,
Sopo wani rekoso bakal nggayuh urip mulyo.
Dudu akèhé, nanging berkahé kang ndadèkaké cukup lan nyukupi.....
Wis ginaris nèng takdiré menungso yèn opo sing urip kuwi wis disangoni soko
sing kuwoso.
Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak koyo angin sing disedhot
bendinané....,
Nanging kadhang menungso sulap moto lan peteng atiné, sing adoh soko awaké
katon padhang cemlorot ngawé-awé,
Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disio-sio koyo
ora duwé guno.
Rejeki iku wis cemepak soko Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi
butuhé menungso soko lair tekané pati....,
Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ono watesé, rasané kabèh
cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.
Welingé wong tuwo, opo sing ono dilakoni lan opo sing durung ono ojo diarep-arep,
Semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu,yèn ora jatahmu, opo
maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo dientèni waé, iku
bakal gawé uripmu loro, rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh
iku bakal sirno balik dadi sakmestiné. Yèn umpomo ayem iku mung biso dituku
karo akèhé bondho dahno rekasané dadi wong sing ora duwé.
Untungé ayem isà diduwèni sopo waé sing gelem ngleremké atiné ing bab
kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG
MURBENG DUMADI....
No comments:
Post a Comment