Thursday, December 3, 2015

Falsafah Jawa Ronggo Warsito

Rejeki iku ora iso ditiru..., 
Senajan podo lakumu, 
Senajan podo dodol anmu, 
Senajan podo nyambut gawemu.
Kasil sing ditompo bakal bedo2., 
Iso bedo nèng akèhé bondho, 
Iso ugo ono nèng roso lan ayemé ati, 
Yo iku sing jenengé urip mulyo.

Kabèh iku soko tresnané Gusti kang moho kuwoso., 

Sopo temen bakal tinemu, 
Sopo wani rekoso bakal nggayuh urip mulyo. 
Dudu akèhé, nanging berkahé kang ndadèkaké cukup lan nyukupi..... 

Wis ginaris nèng takdiré menungso yèn opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso.
Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak koyo angin sing disedhot bendinané....,

Nanging kadhang menungso sulap moto lan peteng atiné, sing adoh soko awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, 
Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disio-sio koyo ora duwé guno.

Rejeki iku wis cemepak soko Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungso soko lair tekané pati...., 
Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ono watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

Welingé wong tuwo, opo sing ono dilakoni lan opo sing durung ono ojo diarep-arep,

Semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu,yèn ora jatahmu, opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo dientèni waé, iku bakal gawé uripmu loro, rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirno balik dadi sakmestiné. Yèn umpomo ayem iku mung biso dituku karo akèhé bondho dahno rekasané dadi wong sing ora duwé.

Untungé ayem isà diduwèni sopo waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI....


No comments: