Tuesday, December 15, 2015

Pratondho Soko Rogo


Yèn sliramu tuwo terus ompong; Iku pertandhanè sedhèlo manèh bakalè ngerong; Mulanè urip ojo dadi wong sombong; Mengko kabèh amalè iso kobong.

Yèn sliramu tuwo terus kisut; Iku pertandhanè sedhèlo manèh mlebu luwèng ciut; Mulanè urip ojo Lacut; Anggonè maksiat ojo kebacut; Lan ojo di lanjut.

Yèn sliramu tuwo terus rambutè putih; Kuwi mertandhanè yèn sedèlo manèh bakalè mulih; Mulanè yèn urip sing ikhlas ojo tansah pamrih; Ngèlingono nyowo iki amung nyilih.

Yèn sliramu tuwo terus mripatè rabun; Iku mertandhani nyowo wis cedhak ubun-ubun; Mulanè ènggal nyuwun ampun; Supoyo tembè yèn wis mati ora getun.

Yèn Sliramu tuwo terus wungkuk; Kuwi mertandhanè yèn urip kari sèsuk; Mulanè ènggal di akèhi anggonè rukuk; Karo peraturan agama kudu tundhuk.

Yèn sliramu tuwo terus wetengè njemblung alias gendut; Dudu kok mergo isinè welut; Ayo podho nyuwun pangapuro sedoyo laku sing luput; Bèn ikhlas yèn sak wayah-wayah nyowo iki di pundhut.

Yèn sliramu tuwo untunè akèh sing ucul; Kuwi mertandhani nyawa sedhèlo manèh bakal mumbul; Mulanè njaluk pangapuro sakdurungè dipikul; Ora iso ngibadah yèn awak wis dipendhem nggawè pacul.

Mugi hing titi wancinipun KaparingoNo margi hingkanga gangsar saé pinanggih hing husnul khotimah

No comments: